4.18.2010

Sepi

Dudu sepa nanging sepi sing manjing dadi ning
Nalika ratri mbukak cendhelane jangka
Nyebar sejatine pitakon
Mbabar sejatine lelakon
Marang jiwa-jiwa kang tinarbuka
Marang jiwa-jiwa kang manekung puja
Jroning sepi piningit praja

Dudu sepa nanging sepi sing manjing dadi ning
Nunggalake karep kinarya srana
Nggayuh tumuruning cahya coloking jiwa
Coloking ati..
Jroning sepi piningit rasa

Sepi nglangut bebasan tanpa pagut
Satemah kaconggah rasa pasrah, sumarah
Ngupaya sejaning cahya
Ngupaya sejaningukara
Ngupaya sejatine ning
Jroning sepi piningit rasa….

0 komentar:

Posting Komentar