4.18.2010

Kitir Wengi

Ana sempalaning wengi
Kang tau melu dadi seksi
Nalika langit menga
Ngutahake bawa rasa

Oh Kadangku…
Kelipe lintang tawa rupa
Soroting rembulan tawa rega
Sumiliring angina tawa suwarga

Begjaning sing melu udhu
Begjaning sing nduwe sangu
Begjaning sing bisa nuku

Jalaran udhune dudu pangkat lan kalungguhan
Sangune dudu mas picis rajabrana
Pitukune dudu bandha dunya

Nanging rasa percaya, pasrah
Sumarah….
Nindhakake pepanggilang Kang Akarya Loka

Masrahake getih satetes, balung saceklek, daging satempel
Masrahake obahing rasa, osiking jiwa
Kinarya srana manekung puja

Kadangku….
Aku lan sliramu among sadherma nyandhang
Aku lan sliramu among saderma nggegadhang
Jer kridhaning ati tan bakal kuwawa
Mbedhah kuthaning pesti…..

0 komentar:

Posting Komentar